Follow us: Subscribe via RSS Feed Connect on YouTube Connect on YouTube

Friday, October 7, 2016

Contoh Surat Dalam Bahasa Jawa

carauntukblog.blogspot.com - Contoh Surat Dalam Bahasa Jawa. Berikut merupakan contoh surat resmi dalam bahasa jawa halus. Bagi yang mencari artikel tentang surat bahasa jawa, silahkan baca dan pelajari contoh berikut baik-baik. 


PETENG NDEDET RASANING ATIKU

wa qul ja-al haqqu wa zahaqol bathilu innal bathila kana zahuqo

KAGEM Yth. Ingkang minulyo
Panjenenganipun Al mukarom Bopo BUPATI Semarang

Kepareng kawulo matur,

Minongko tetalange boso cundakaning atur saking keluarga besar wargo masyarakat dusun Dawung - Watugajah dan banger Desa Candirejo Kec Pringapus. Ingkang sepisan - sampun mapinten pinten tahun wargo masyarakat tansah prihatin kaleh kasunyatan ingkang mboten lumrah. Gegayutan kaleh mergi ingkang wekdal puniko katah piyantun ingkang matur. saged dipun wastani DALAN KEBO. KALI ASAT.


Contoh Surat Dalam Bahasa Jawa. contoh surat pribadi berbahasa jawa, contoh surat pribadi dalam bahasa jawa, contoh surat pribadi bahasa jawa krama alus, contoh layang dhawuh dalam bahasa jawa, contoh layang pribadi bahasa jawa untuk teman, contoh layang ganep bahasa jawa, kumpulan layang bahasa jawa, conto layang boso jowo, Contoh Surat Bahasa Jawa, Contoh Surat Dalam Bahasa Jawa.


Ingkang kedahipun mboten lumrah dipun lewati kalian bongso manungso. Ananging kados pundi, namung meniko mergi ingkang saged ngelanggengaken gesang wargo masyarakat. Anggenipun pados rezeki kagem kebetahan gesang keluarga.

Jangkep kaping kaleh :

wonten setunggalipun boso. ANAK POLAH BOPO PRADAH

Kados sampun telas semangatipun wargo, sampun telas luh kang netes ono ing mripat sampun aurat / isin sanget anggenipun sambat kaliyan poro pemangku kebijakan PEMKAB semarang, menopo wonten ingkang salah menopo wonten lepat kados dene DAWUNG WATUGAJAH MBOTEN DIAKENI DADOS WILAYAH KAB SEMARANG. PILBUP Warga dawung watugajah ugi derek pambiantu kagem kenenangan MUKTI malah wonten ing TPS 9 Watugajah salah setunggalipun PEMECAH REKORD kagem pasangn MUKTI kanti perolehan suara 99 %.

Jangkep kaping tigo :

Menopo PAK BUPATI mboten pengen perso kados pundi realitanipun menopo pak bupati mboten nate pikantuk laporan utawi informasi saking Bopo KADES . Bopo Camat, DEWAN .. gegayutan kaleh perkawis ingkang kawulo wedaraken. Menawi Pribadi kawulo saged memaklumi. LAWONG PAK CAMAT WAE GAK TAU TILEK RENE KOK.


Contoh Surat Dalam Bahasa Jawa. contoh surat pribadi berbahasa jawa, contoh surat pribadi dalam bahasa jawa, contoh surat pribadi bahasa jawa krama alus, contoh layang dhawuh dalam bahasa jawa, contoh layang pribadi bahasa jawa untuk teman, contoh layang ganep bahasa jawa, kumpulan layang bahasa jawa, conto layang boso jowo, Contoh Surat Bahasa Jawa, Contoh Surat Dalam Bahasa Jawa.


Kulo atas nama waga masyarakat namung saged sambat kapan dalan niku dipikirke, kapan wong2 duwur iso kei kebijakan. Cobi dipun penggalih jarak ke desa 16 KM, jarak ke kecamatan 9 KM, menawi wonten ibu melahirkan utawi masyarakat ingkang sakit terpaksa mboten dipun lebetaken wonton puskesmas pringapus, sedoyo sami langsung wonten RSUD ambarawa lewat jalur kecamatan bringin, amargi jalan puniko ingkang arah wonten kecamatan pringapus sampun mboten saged dipun lewati mobil bongso CARRY lan sanesipun.

Intermezoooo !!!

Ojo mung seng apik soyo di apik apik seng ajur yo ben sansoyo ajur, terus kapan masyarakat pinggiran bade maju
kapan program pengentasan kemiskinan terwujud.

Mekaten menggah raosipun wargo masyarakat ingkang wekdal puniko dipun raosaken sedoyo ingkang kawulo aturaken murni saking kasunyatan ingkang pun raosaken.

Hanamung pandongonipun sedoyo wargo mugi poro punggowo ingkang mengku kebijakan tansah dipun paringi pituduh soho hidayah dateng ALLAH SWT. AMIN

Demikian adalah contoh surat resmi dalam bahasa jawa halus yang dapat saya berikan kepada Anda. Semoga dengan contoh surat berbahasa jawa tersebut dapat berguna bagi kita semua. Aamiin.

Share this article :
Comments
0 Comments

0 comments:

 
Cara Untuk Mengetahui Info Dunia © Copyright 2013. All Rights Reserved.
Post by: Luluk S..
Proudly powered by Blogger.
imagem-logoBack to TOP